Sabtu, 05 Juli 2014

TUGAS KELOMPOK BAHASA JAWA “CERITA RAKYAT BAWANG ABANG KALIYAN BAWANG PUTIH SAKING JAWA TENGAH KALIH PENGAPLIKASIANIPUN KAGEM LARE SEKOLAH DASAR”



TUGAS KELOMPOK BAHASA JAWA
CERITA RAKYAT BAWANG ABANG KALIYAN BAWANG PUTIH SAKING JAWA TENGAH KALIH PENGAPLIKASIANIPUN KAGEM LARE SEKOLAH DASAR”
Di Susun Guna Memenuhi Tugas Mata Kuliah Bahasa Jawa
Dosen Pengampu :  Erna Istiqomah, S.S.

Disusun Oleh:
1.   Sri Wahyuni                (A510120172/IVE)
2.  Denisa Yuda P      (A510120187/IVE)
3.  Rochmat Tony P  (A510120194/IVE)
4.  Avicka Fauzi               (A510120169/IVE)
5.  Tyas Wahyu K     (A510110236/IVE)

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR (PGSD)
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH SURAKARTA
TAHUN 2014
BAB I
PENDAHULUAN
A.    Latar Belakang
Sastra inggih punika setunggal karya seni ingkang saget nuwuhake raos remen kaliyan sifatipun mendidik.  Macem-macemipun  jenising  karya  sastra  ingkang sampun wonten ing lingkungan masyarakat saget  dipunkelompokaken dados tigang jenis inggih menika prosa (fiksi), puisi, kaliyan drama.  Tigang  karya  sastra  tersebut  dipunciptakaken kalian satunggaling pengarang wonten ing dalemipun nggadhahi nilai positif ingkang saget migunani dhumateng masyarakat pemaos bilih dipunkaji saha dipunterapaken wonten ing panguripan padinten. Salah satunggaling ragam karya sastra  ingkang wujudipun prosa inggih menika dongeng sampun dipuntepang  kaliyan tiyang kathah wiwit  zaman  rumiyin. Cerita  dongeng  ingkang rumiyin dipunmaosaken  secara  langsung  kaliyan tiyang sepuh dhumateng larenipun saha langsung maringi pengarahan  utawi  nasehat  dhumateng  larenipun supados mboten nirukake sifat saking tokoh-tokoh ingkang nggambaraken watak ingkang mboten sae saha luwih ngarahaken supados larenipun nuladhani tindak tanduking saking tokoh-tokoh  ingkang nggambaraken akhlak  ingkang sae lan berbudi pekerti luhur.
Seiring kaliyan ngrembakaning  zaman saha wontenipun  pengaruh  globalisasi, kathah media  elektronik  ingkang sampun dipuntepang  kaliyan masyarakat, sahingga dumugi teng pelosok-pelosok desa, sahingga akhiripun nggadahi akibat pemaosan cerita dongeng ingkang secara langsung sampun dipunalihaken teng media elektronik awujud televisi,  VCD,  playstation,  lan sakpanunggalanipun ingkang sarwo instan  tanpa  ngrepotaken aktivitas masyarakat wonten ing perkawis tiyang sepuh. Salah  satunggalipun tulodho kagem tiyang sepuh utaminipun satunggaling Ibu wonten kalangan  dhuwur ingkang profesinipun dados pejabat utawi  dados  wanita  karir,  sahingga Ibu mboten purun sibuk maosaken dongeng dhumateng larenipun ingkang tasih perlu dididik langsung kaliyan tiyang sepuhipun. Perkawis niku ngakibataken saking tiyang sepuh ingkang sibuk makaryo saha luwih percaya kaliyan media  elektronik  kangge media belajar saha hiburan dhumateng lare-lare. Antawisipun punapa ingkang sampun di sajekaken kaliyan media elektronik namung sifatipun hiburan saha dereng mesthi sae dhumateng moralitas. Sebabipun lare-lare umumipun mirsani saha narima punapa kang sampun disajikake kaliyan media elektronik  tanpa  mirsani nilai  didikipun.
Adhedasar uraian  wonten ing nginggil,  dados  panulisan  puniki  berkaitan sanget kaliyan kajian  sastra  bandingan ingkang  difokusaken kaliyan  unsur  intrinsik tokoh  saha penokohan saking cerita  dongeng Bawang Abang kaliyan Bawang  Putih,  saklajengipun mengkaji  nilai  didikipun  saking dongeng kasebat. Sahingga  panulisan puniki luwih  tepatipun  badhe  dipunkaji  ngginakaken pendekatan struktural saha didaktis. Supados luwih gamblang,  sahingga judul  panulisan makalah puniki  diformulasikaken  wonten bentuk  analisis  khusus  inggih menika: “Tokoh, Penokohan Cerita  Dongeng Bawang  Abang kaliyan Bawang  Putih”.
B.     Rumusan  Masalah
Adedasar latar belakang wonten ing nginggil punika saget dipunpundhut rumusan masalah kadosta ing ngandhap puniki:
1.      Pripun kisahipun cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih?
2.      Pripun dudutanipun wosing saking cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih?
3.      Pripun Ilustrasinipun Bawang Abang Kaliyan Bawang Putih?
4.      Pripun aplikasianipun cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih kagem lare-lare Sekolah Dasar?
5.      Pripun caranipun guru maringake pangertosan dhumateng lare-lare Sekolah Dasar babagan cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih?
6.      Napa kemawon nilai-nilai (amanat) ingkang kekadung wonten ing wosing  cerita rakyat Bawang Abang kaliyan Bawang Putih kagem lare-lare Sekolah Dasar?

C.    Tujuan  Panulisan
Adedasar latar belakang kaliyan rumusan masalah wonten ing nginggil punika saget dipunpundhut tujuanipun panulisan kadosta ing ngandhap puniki:
1.      Ndiskripsikaken kisahipun cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih.
2.      Ndiskripsikaken dudutanipun wosing saking cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih.
3.      Ndiskripsikaken Ilustrasinipun Bawang Abang Kaliyan Bawang Putih.
4.      Ndiskripsikaken aplikasianipun cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih kagem lare-lare Sekolah Dasar.
5.      Ndiskripsikaken caranipun guru maringake pangertosan dhumateng lare-lare Sekolah Dasar babagan cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih.
6.      Ndiskripsikaken nilai-nilai (amanat) ingkang kekadung wonten ing wosing  cerita rakyat Bawang Abang kaliyan Bawang Putih kagem lare-lare Sekolah Dasar.













BAB II
PEMBAHASAN
A.    Ceritanipun Bawang Abang Kaliyan Bawang Putih
Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.
Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.
Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.
Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine. "Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"
Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko." "Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman. "inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.
Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang. "Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang. "Sapa koe nduk?" takon mbah kui. "Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih. "Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe. "Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si mbah ngomong. "Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe. "nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem. Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih. "Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.
Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.
NGrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih. "Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.
Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.

B.     Dudutanipun Wosing Cerita Bawang Abang Kaliyan Bawang Putih

Bawang Putih yaiku bocah wadon kang wis ora duwe bapak lan ibu. Deweke urip karo ibu tirine sing duwe anak wadon kang umure padha karo Bawang Putih. Saben dina Bawang Putih dikongkon nyambut gawe sing abot-abot, umpamane ngangsu nyang sumber sing jarake adoh seko omah.
Kosok baline si Bawang Abang ora tau dikongkon ngrewangi ibune. Gawean sing gampang, umpamane makani ayam, nyapu latar, ngguwang resak, kabeh kudu ditindakne Bawang Putih, padahal Bawang Abang ora nyambut gawe opo-opo.
Bawang Putih ugo dikongkon golek kayu bakar kanggo masak. Nanging Bawang Putih ora tahu ngresula. Bawang Putih nglakoni urip kanthi tabah, sanajan ibu tirine ora adil. Amargo saben dina nyambut gawe mula awake Bawang Putih katon seger lan singset. Rupane ayu tur kulite resik.
Bawang Abang saben dina gaweane mung dandan lan mangan. Bawang Abang ora trima yen kalah ayu lan kalah menarik tinimbang Bawang Putih.
Sak wijining dina, Bawang Putih dikongkon ngumbahi ana ing kali. Sak suwene umbah-umbah, Bawang Putih dibantu karo iwak emas ajaib. Saben klambi sing reget dicelupne ana ing kali langsung resik. Mulane Bawang Putih cepet rampung anggone umbah-umbah.
Ngerti yen olehe ngumbahi cepet rampung, ibu tirine dadi curiga. Terus ngakon si Bawang Abang ngetutke Bawang Putih nek umbah-umbah.
Liya dina Bawang Abang, kandha karo ibune yen arep ngumbahi menyang kali. Nanging sak temene mung arep nyekel iwak mas ajaib sing gawene ngewangi ngumbahi Bawang Putih. Bareng wis dicekel, iwak mas kuwi banjur digawa mulih lan digoreng karo ibuke.
Sak banjure iwak mas goring mau dipangan Bawang Abang lan ibune, nganti meh entek. Sing diturahke mung endas karo balung erine. Nanging Bawang Putih ora gelem mangan, malah turahan kuwi dikubur ana ing latar omahe. Ora suwe, papang sing dingo ngubur mau tuwuh tanduran sing wujud kembang sing elok rupane.
Sak wijining dina ana Pangeran sing liwat ing sak ngerepe omahe Bawang Putih. Banjur Pangeran mau mudun seko jarang lan takon sapa sing nandur kembang kuwi. Bawang Abang ngaku yen deweke sing nandur. Pangeran mau malah gedeg, nandakake yen dudu Bawang Abang sing nandur. Sejatine Pageran wis ngerti sing nandur kuwi Bawang Putih. Mulane Bawang Putih diboyong menyang kerajaan arep didadekne garwane.
C. Aplikasinipun Cerita Rakyat Bawang Abang Kaliyan Bawang Putih Kagem Lare-Lare Sekolah Dasar
Aplikasinipun cerita rakyat bawang abang kaliyan bawang putih kagem Guru kangge ngajar lare-lare Sekolah Dasar inggih menika saget ngginakaken teknik role playing utawinipun dolanan peran. Teknik role playing menika saget dipunlaksanakaken ngagem teks drama kados bawang abang kaliyan bawang putih ngangge versi basa jawi. 
D. Caranipun Guru Maringake Pangertosan Dhumateng Lare-Lare Sekolah Dasar Babagan Cerita Bawang Abang Kaliyan Bawang Putih
Saka teks kasebut guru saget ngajar lare-lare SD pripun lakon-lakon wonten ing cerita bawang abang kaliyan bawang putih. Menawi lare-lare angsal lakon bawang abang niku kedah nglakonaken watak  putri ingkang gadahi sipat ala, males, sombong, seneng barang ingkang mewah-mewah, tamak, lan pendengki. Ingkang angsal lakon bawang putih niku kedah nglakonaken watak putri ingkang gadahi sipat sederhana kang rendah ati, tekun, sregep, jujur lan apek atine. Menawi pikanthuk lakon ibu tiri menika kedah nglakonaken watak ibu ingkang sipate kejem, males lan tamak. Menawi lakon bapak saha ibunipun bawang putih kedah nglakonaken watak ingkang sae lan apek atine. Saksampunipun guru maringi pangertosan babagan lelakon ingkang kedah dipunlakonaken para anak, guru maringi nasehat menawi watak saking bawang abang menika mboten pareng dipunconto, saha ibu tirinipun amargi tiyang ingkang serakah menika ndadosaken ngrugekaken tiyang sanes. Sakmestinipun kita kedah nyonto watakipun bawang putih ingkang sabar kaliyan tabah ngadepi bawang abang lan ibu tirinipun. Ing saklajengipun guru maringi pangertosan maleh manawi wosing cerata ingkang sampun lare-lare nglakonaken inggih menika ampun dados tiyang ingkang serakah saha purun menang kiyambak, amargi perkawis punika, mboten sae saha mesti pikanthok piwalesipun. 
E. Nilai-Nilai (Amanat) Ingkang Kekadung Wonten Ing Wosing  Cerita Rakyat Bawang Abang Kaliyan Bawang Putih Kagem Lare-Lare Sekolah Dasar.
Nilai-nilai  ingkang saget dipunpendet saking cerita rakyat Bawang Abang kaliyan Bawang Putih anggadhahi makna ingkang kathah sanget kagem lare-lare Sekolah Dasar wonten ing ndalemipun amargi wonten pesan moral ingkang nggadahi hubungan kaliyan pendidikan ingkang nggambaraken maksud kaliyan tujuan saking cerita punika. Saking hasil survey peneliti saget mangertosi menawi karakter saking masing-masing tokoh inggih menika:
a.       Bawang Putih anggadahi karakter ingkang penyayang,  pengasih,  pemaaf, tanggungjawab, sayang dhumateng  tiyang sepuh, patuh dhumateng tiyang sepuh, kaliyan  pekerja keras.
b.      Bawang Merah anggadahi karakter pemberani,  sombong,  wani kaliyan tiyang sepuh, jahat, pemalas, pendendam kaliyan pemarah.  
c.       Ibu Bawang Merah anggadahi karakter pemberani, sombong, galak, jahat, pemalas, pendendam kaliyan pemarah.
d.      Simbah Putri ingkang sepuh anggadahi karakter baik hati, penolong, peramah, adil, suka membantu, cerdik kaliyan bijaksana.
e.       Ibu kandung Bawang Putih anggadahi karakter baik hati, penyayang, penolong, kaliyan pengasih.
f.       Bapak kandung Bawang Putih anggadahi karakter baik hati, penyayang, penolong kaliyan pengasih.  
Paparan wonten ing ndhuwur saget nemtokaken menawi wonten kasirat nilai-nilai ingkang positif ingkang mbantu lare umuripun Sekolah Dasar kagem mundhut pelajaran saking babagan lelakon ingkang wonten ing cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih. Cerita Bawang Abang kaliyan Bawang Putih injih kalebet cerita ingkang mendidik sanget  kagem lare umur Sekolah Dasar amargi wonten ing mriki are-lare mangertos kados punapa kasih sayang seorang Ibu ingkang sampun nglairaken kaliyan anggadahi peran ingkang penting sanget wonten ing penguripanipun lare-lare kaliyan Ibu saestu ngorbanaken nyawanipun kagem nglairaken bayi wonten ing donya punika  hambok yo wonten ing cerito Bawang Abang kaliyan Bawang Putih anggadahi kisah sifatipun Ibu tiri ingkang mboten baik hati, nameng dados putra putri kito wajib ngurmati kekalih tiyang sepuh kito mboten nameng niku hambok yo Ibu kaliyan sedherek kito jahat kaliyan kito, kito mboten pareng mbales kaliyan kejahatan ugi menawi saget kito tetep anggadahi sikap baik hati kaliyan menawi sanget kito kedah anggadahi sikap baik hati ugi menawi saget kito nyadarke tiyang ingkang sampun jahat
Saenggo menawi wonten ing satunggaling wanci para putra putri dados maneni dhumateng Ibu saklajengipun dados “kualat” wonten ing satunggaling dino mangkeh. Wujudipun  nilai-nilai  moral  ingkang wonten ing ndalem cerito Bawang Abang kaliyan Bawang Putih ngliputi hubunganipun menungso kaliyan Gusti Allah SWT awujud sikap berdoa dhumateng Gusti Allah SWT kaliyan bersyukur dhumateng Gusti Allah SWT, hubunganipun  menungso  kaliyan  menungso sanes awujudipun berbakti  kaliyan tiyang sepuh, tolong menolong, kasih sayang Ibu dhumateng Putra-putrinipun, nyuwun pangapunten, ungkapan matur suwun, hubunganipun menungso kaliyan awake dhewe awujud kesadaran dhumateng perbuatan salah, sregep makarya. Wujud nilai moral ingkang saestu ketingal wonten ing  cerita rakyat Bawang Abang kaliyan Bawang Putih inggih menika hubunganipun menungso kaliyan   Gusti Allah SWT.  Wujud penyampaian  nilai-nilai  moral  ingkang dipunginakaken lewat penyampaian  awujud  langsung  kaliyan mboten langsung.  Wonten ing cerita  rakyat Bawang Abang kaliyan Bawang Putih wujud penyampaian  nilai  moral inggih menika mawi cara langsung,  ingkang saestu dominan  muncul inggih menika babagan Bawang Putih  saestu patuh dhumateng perintahipun tiyang sepuh lan mboten pernah membangkang dhumateng perintahipun ibu hambok yo saben dinten Bawang Putih angsal siksaan terus saking ibu tirinipun kaliyan saking Bawang Abang lan berkat kebaktianipun Bawang Putih sowan kaliyan Simbah Putri ingkang sampun sepuh ingkang sampun maringi hadiah sesuai kaliyan perilaku sae saking Bawang Putih lan perkawis puniku berbanding terbalik kaliyan nasib Bawang Abang ingkang sampun angsal hadiah kewan awujud ulo ingkang sesuai kaliyan perilakunipun Bawang Abang lan Bawang Putih injih menika sebuah  legenda  ingkang dipunceritakke  mawi  turun- menurun lan sampun  dados cerita rakyat Indonesia. Cerita rakyat Bawang Abang kaliyan Bawang Putih puniki injih menika sebuah fakta  utawi kenyataan saking tlatah Jawa Tengah.
Amanat utawi pesan ingkang kekandung wonten ing ringkasan cerita rakyat ingkang anggadahi judul Bawang Abang kaliyan Bawang Putih injih menika:
a.       Ampun durhaka  kaliyan tiyang sepuh napa malih kaliyan Ibunipun kita. Padha elingo menawi Surga  punika wonten ing ngandhaping telapak kaki ibu. Awit babagan kalawau, nduweyo perilaku ingkang sahe kaliyan lemah lembut dhumateng ibu kita.
b.      Ampun anggadahi perilaku jahat lan gadhah ngendikan kasar dhumateng ibu kita ingkang sampun nglairaken kita. Padha elingo menawi seorang  ibu   sampun mengandung  kita  sakwanci  kurang  kuwih  9  bulan  dangunipun wonten ing kandungan.  Seorang ibu  ingkang sampun berjuang  naruhke  nyawanipun  kagem nglairake putra-putrinipun wonten ing donya puniki.  
c.       Ampun  nurun  sikap  kaliyan watak  Bawang Abang ingkang ndukani sedherekipun inggih menika Bawang Putih kaliyan anggadahi ngendika ingkang saget damel lara atinipun sedherekipun piyambak.
d.      Dados menungso punika kedah nyonto sifatipun saking Bawang Putih, dheweke injih menika puta ingkang sabar, berbakti kaliyan tiyang sepuh, mboten pernah mbangkang kaliyan perintahipun tiyang sepuh, selalu nyayangi sedherekipun injih menika Bawang Abang hambok yo Ibu lan sedherekipun jahat sanget dhumateng Bawang Putih
e.       Ampun nyonto sifatipun saking Bawang Abang ingkang berbuat jahat kaliyan sedherekipun piyambak injih menika Bawang Putih sanese puniku Bawang Abang anggadahi sifat ingkang pemalas, pemarah, pendendam kaliyan sedherekipun piyambak injih menika Bawang Putih.
f.       Dados seorang ibu kedah anggadahi sikap ingkang bijaksana kaliyan putra-putrinipun, ampun pilih kasih kaliyan putra-putrinipun.
g.      Dados putra-putri anggadahono lelaku ingkang sahe mangke Gusti Allah SWT mesthi miwales napakemawon ingkang kita lakoni sesuai kaliyan perilakunipun kita, menawi kita anggadahi sikap sahe mesthi Gusti Allah SWT injih miwales sesuai kaliyan amalan perbuatanipun kita.
h.      Dados lare kita mboten angsal anggadahi sifat murko kaliyan punopo kemawon amargi sifat puniku dipun murko kaliyan Gusthi Allah SWT.
i.        Dados lare kedah nyonto lelakonipun Bawang Putih ingkang sregep mbantu pagaweyanipun tiyang sepuh ting griya.
j.        Dados lare kita mboten angsal mbantah dhumateng parentahipun tiyang sepuh amargi Gusti Allah SWT mboten remen sanget.
k.      Kita kedah dados lare ingkang berbakti dhumateng tiyang sepuh kita.
l.        Dados menungso ampun anggadahi sifat jahat dhumateng liyan amargi saget nimbulke doso dhumateng kita piyambak.
m.    Lelakon jahat ampun dipunwales kaliyan jahat ugi namenng lelakon jahat kedah kito wales kaliyan sifat sahe menawi saget kito sabar kaliyan nyadarake.
n.      Dados lare kedah sregep sinau, berbakti kaliyan tiyang sepuh, remen tetulung marang liyan, njalin hubungan ingkang sahe kaliyan sedherekiupun kaliyan kedah sabar kalian pacobaning urip tansah tawakal kaliyan Gusti Allah SWT.
BAB III

PENUTUP

A.    Simpulan
Dongeng Bawang Abang kaliyan Bawang Putih nggambaraken tokoh utama inggih menika Bawang  Putih  ingkang dipunsiksa  kaliyan Ibu  tirinipun lan Bawang  Abang.  Semangsa panguripan Bawang  Putih njalani urip kathi  tabah  ewodene dipunlakoni kathi mboten  adil  kaliyan Ibu  tirinipun.  Namung  akhiripun Bawang  Putih urip kanthi bahagia amargi angsal  satunggaling Pangeran kerajaan ingkang sampun milih  Bawang Putih dados istrinipun.
Tokoh ingkang nglakonaken peran wonten dongeng Bawang  Abang kaliyan Bawang Putih wonten 5  inggih menika :
1.      Bawang Putih nggadhahi karakter  sae awit  awal  cerita  dumugi  akhir  cerita.
2.      Ibu  tiri saha Bawang  Abang nggadhahi karakter  mboten sae saha  ajeg nyiksa Bawang Putih
3.      Pangeran nggadhahi karakter  sae namung Pangeran  mboten saget nahan  emosi.

B.     Saran
Saran wonten ing cerita jawi Bawana Abang kaliyan Bawang Putih inggih menika:
1.      Bapak/Ibu guru kedah saget ngaplikasikake cerita jawi babagan Bawang Abang kaliyan Bawang Putih dhumateng peserta didikipun.
2.      Bapak/Ibu guru kedah saget ngginakaken cerita-cerita jawi kangge pembelajaran ingkang nggadhahi ajaran nilai moral sahingga pembelajaran ingkang kalaksanakaken mboten monoton.
3.      Bapak/Ibu guru kedah saget nyelipaken nilai-nilai budi pekerti ngagem cerita-cerita jawi wonten ing pembelajaran.


1 komentar:

wawa mengatakan...

c

:a: :b: :c: :d: :e: :f: :g: :h: :i: :j: :k: :l: :m: :n:

Posting Komentar